Judul: Enggal Bali Sak Bali Baline
Remix Artist/Producer: Black Enemy
Lirik Lagu Black Enemy - Enggal Bali Sak Bali Baline
wes mestine nasibku aku ditinggal bojoku
awan bengi mung tansah kelingan
turu ijen pikiranku melayang
nyenengi awakmu kudu sabar lan narimo
senengane nesu-nesu mesti tok lakokno
nek ra kepeneran opo sing dadi karepmu
aku pancen salah mending aku lungo seko uripmu
tininmbang gawe kowe dadi tambah gelo
njor kowe nangis mbendino nganti krungu tonggo
malah nggawe aku tambah soyo nelongso
mikirke kowe cah ayu sing tak tresno
mas nengendi pindahmu nengendi papanmu
kok ora kirim warta opo wes keno godho
nyuwun sewu sakdurunge nek aku wes ninggal kowe
aku kudu lungo mergo angel kahanane
aku bakal eling kowe sak lawase
yo meng aku welingne sek gede pangapurane
kabeh menungso kuwi mesti nduwe luput
ora bedo karo aku sek wes kerep manut
mbendino mbok seneni aku yo ora popo
ning soyo suwe saiki aku iso kroso
arep mangan ora doyan
arep turu tansah plisikan
bayang bayange esemu sayang
nggonku mikir nganti koyo wong edan
nek pancen dasare jodo bakal ketemu meneh
ora sah kuwatir ndak kowe dadi tambah setres
mikir aku tenanan ndak kowe malah bubar
ora iso seneng seneng mergone atine ambyar
atiku mung dinggo kowe dadi rasah kuwatir
rasakke jerone ngenteni aku karo mikir
aku bakal bali karo kowe meneh
sabar sithik yo nduk kangmas bakal muleh
mas nengendi pindahmu nengendi papanmu
kok ora kirim warta opo wes keno godho
kabeh wedokan kejobo kowe bakal tak nengke
mergo atiku iki wes ono sing nduwe
yo kuwi kowe cah ayu sing neng ono uripku
aku ra bakal ngiwo ro wedokan liyane
siji sak lawase nganti tekan mati
aku ora ngapusi mergo mblenjani janji
susah seneng bareng ora mung ono lambe
aku pingin urip karo kowe lan mulyo sak lawase
mas nengendi pindahmu nengendi papanmu
kok ora kirim warta opo wes keno godho
mas enggal ndang balio aku sing neng ndeso
tansah kangen sliramu tansah nunggu tekamu
Video & Lirik
Black Enemy Reverbnation
Black Enemy - Enggal Bali Sak Bali Baline [ Lirik ]
4/
5
Oleh
Bagus